Sekabehing manungso sayektine aduweni roso kang kasebut roso welas asih
Sakabehing manungso iku sayektine pinaringan roso welas asih kang podo takerane
Ora idep rojo ora idep buruh , ora idep maling ora idep pangarep agomo , sopo wae podo ukure

Sifat welas asih iku kang kautomo babagan urip ing donyo , sok sopo biso nguri nguri sifat iku yo kuwi
wong kang wes nyelengi kanggo menangke donyo
ewo dene sifat welas asih iku gede paedahe ,
soko welas asih donyo bakal temtrem ora ono perang ora ono maling ….
Duh gustiiiiii…..
Mendah wong wong kang guyup neng masjid wayah jumatan , nganti dalan dalan sepi koyo kuburan ,
wong wong guyup neng grejo wayah minggu , nganti gawe ramene gedung koyo arep mumbul gentenge
opo tho gunane wong kang percoyo Gusti nek gak duweni roso welas asih neng pepodo
opo paedahe kapercayan nek mung kanggo tombo isin
koyo koyo ra ono gunane …….
Tanpo sifat welas asih ora ono sing jenenge kapercayan
Eling … eling ….. sak bejo bejane wong kang lali isih bejo wong kang eling lan waspodo …..
By : Kliwon
By : Kliwon